Ceramah Wong Ngapak
Punya rumah minimalis type 36 itu enak dan indah dilihat bro, karena rumah minimalis type 36 itu merupakan model rumah terbaru
Bocah sekolah siki wis pada gembelengan, nganggo motor FU ge wis pada bangga, padahal sing nukokna mah ramane tapi wis gembelengan banget, geber" neng ngarep cah wedon, kebut kebutan ora karuan, trus angger wis cilaka ya mampus. Apa ora lara ? Ya lara mbok, ya iya, dadi bocah aja sok gembelengan kaya bocah lengob bae. angger wis kejadian tembe inget. Angger koe gembelengan toli sing isin udu koe tok, tapi ramane biyunge karo sekeluarga, Mulane dadi wong sing kalem, sregep sinau, pinter, ora clala clili angger di ajar karo pak guru. Lara lara disit tembe seneng seneng seteruse, aja pengine gembelengan, nggaya, kaya sing wis pinter golet duit bae, Janjane Koe koe pada, sing di pikirna apa sih ? kayane bocah sekolah jaman siki kaya sing udu sekolah maining tujuane angger meng sekolah, tai tujuanne nggaya, gengsi gengsian, Golet wadon sing ayu, apa maning sok pada udud, esih sekolah bae ge wis pada ngudud, apa koe wis bisa nggolet duit dewek ? ora mbok, pasti di nei tok karo ramane karo mbiyunge. Jere wong koplok ya kaya kiye "Angger udud mati ora udud ya mati mendinga udud bae sampe mati" Hahahahahha ngakak, kie bocah kepriwe pikirane jand jand, payah temen, tapi kan ya semending menjanga dari pada ngobati, iya mbok ? Nyong malah dadi bingung kiyeh arep ngomong apa maning, wis pegel tanganne, pengin tek urut karo mbiyunge kieh jand.